Jumat, 24 Oktober 2014

Nyisih, Ndewe, Lan Ndedonga



Waosan : Lukas 6 : 12 – 19  |   Pamuji : KPK 168 : 1, 2, 3
Nats: “.. Gusti Yesus minggah ing gunung ndedonga; nganti sawengi natas..” [ayat 12]

Saben-saben ngadhepi lelampahan penting, Gusti Yesus merlokaken wekdal kangge nyisih, piyambakan, lan ndedonga. Mekaten ugi rikala Panjenenganipun cecawis badhe milih 12 muridipun ingkang wusananipun dipun sebut Para Rasul. Mekaten ugi yen kita badhe mutusaken bab-bab penting, perlu kabekta wonten pandonga.
Gusti Yesus kagungan kathah pendherek, ananging Panjenenganipun namung milih 12 murid. Sesambetan antawisipun Gusti Yesus kaliyan para murid lumampah raket sanget. Gusti Yesus maringi ‘pelatihan’ khusus lan ‘otoritas’ minangka utusanipun. Inggih tiyang 12 menika ingkang dados wiwitaning greja Kristen.
Gusti Yesus milih tiyang limrah (biasa) kemawon kadadosaken muridipun. Ing jaman samangke, Panjenenganipun ugi nimbali kita tiyang limrah kangge mbangun greja, memulang bab Injil kawilujengan, sarta ngladosi sesami adhedhasar katresnan. Bokmenawi kita rumaos mboten saged menapa-menapa kangge ngladosi Sang Kristus. Ewasemanten yen sesarengan kaliyan para pitados kita badhe dados kelompok ingkang kiyat kangge ngladosi Gusti kanthi maneka warni cara. Perlu sabar ngadhepi warni-warni talenta ing pasamuwan lan terus mbangun sesarengan adhedhasar maneka warni talenta ing pasamuwan.
Wonten daya tarik kangge tiyang kathah ing pakaryan lan piwulangipun Gusti Yesus, antawisipun: panguwaos paring kasarasan, temah kathah tiyang sami ngetut wingking, ngempal lan mbudidaya supados saged ndemek Panjenenganipun. Kathah tiyang nganggep bilih Panjenenganipun dados simbol sumbering kabegjan lan kasarasan. Pramila pepenginanipun namung mandheg dumugi kasarasan sacara fisik lan sageda ningali bab-bab ingkang ngedab-edabi saking Gusti Yesus. Pandonga dipun ginakaken kangge nyuwun supados Allah kersa nindakaken kados ingkang dados panyuwunipun. Estunipun, pandonga sanes cara kangge mrentah Gusti Allah supados nuruti pikajeng kita. Pandonga menika cara kangge kita supados saged mapanaken dhiri kita ing wewengkon peprentahipun Allah.[Esha]
“Ndedonga lan makarya kanggo karaharjaning jagad”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar