Selasa, 28 Oktober 2014

Timbalanipun Gusti

Waosan : Lukas 14 : 15 – 24  |  Pamuji : KPK 148 : 1, 3 Nats: “Awit aku pitutur marang kowe: Wong kang padha diulemi dhisik mau siji bae ora ana kang bakal ngrasakake suguhanku.” [ayat 24]
Pak Gondhel mboten nate purun tindak dhateng greja. Menawi dipun emutaken dening semahipun, piyambakipun tansah paring wangsulan, “Mumpung jik enom, aku dak nyambut gawe sing sregep dhisik. Mengko yen wis mlebu umur seket, aku dak sregep menyang greja”. Nanging ngantos lumebet yuswa seket, Pak Gondhel ugi mboten purun dhateng greja. Menawi semahipun taken, piyambakipun paring wangsulan, “Penggaweanku jik akeh, mengko wae yen wis suwidak.”
Kathah tiyang ingkang kados Pak Gondhel. Mbokmenawi tiyang kathah punika ngrumaosi bilih Gusti Allah punika tansah sabar ngrantos anggenipun nimbali. Nanging ing waosan kala wau Gusti Yesus paring pasemon bab tiyang-tiyang ingkang mboten purun dugi nalika Gusti nimbali. Wonten ingkang langkung ngawrati tegilipun, wonten ingkang ngawrati lembunipun, ugi wonten ingkang ngawrati brayatipun. Ateges, tiyang-tiyang kala wau mboten saged mirsani bilih timbalanipun Gusti punika perkawis ingkang utami ing satengahing gesang. Bandha, donya-brana lan brayat punika kaanggep ingkang langkung utami. Pungkasanipun, Gusti milih tiyang-tiyang ingkang sejatosipun mboten mlebet etangan, inggih punika tiyang-tiyang kang mlarat, cacad, lsp. Tiyang-tiyang kala wau sejatosipun sanes tiyang ingkang dipun timbali. Nanging amargi tiyang-tiyang ingkang langkung pantes mboten purun, mila tiyang-tiyang sanesipun ingkang dipun timbali.
Pasemonipun Gusti Yesus punika kalebet basa sindiran kangge sok sintena kemawon ingkang langkung ngawrati bab kadonyan tinimbang timbalanipun Gusti. Pancen, padamelan, brayat, bandha donya punika penting. Nanging, sinten ta sumbering gesang punika? Punapa sanes Gusti piyambak? Dados, rahajeng tiyang ingkang saged mirsani bilih timbalanipun Gusti punika ingkang paling utami. Tiyang-tiyang punika tansah siyaga nalika Gusti nimbali. Awit, bingah ing satengahing donya punika mboten saged ngalahaken bingah ing swarga. Pramila, sumangga kita tansah nyawisaken dhiri ing timbalanipun Gusti. Timbalan ingkang mbingahaken lair klayan batin. Amin. [CS]
“Aja semaya marang timbalane Gusti, merga kuwi kang utami.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar