Kamis, 16 Oktober 2014

Pilih Siji Apa Loro ?



Waosan : Lukas 12 : 49 – 53  |   Pamuji : KPK 175
Nats: “Aku pitutur marang kowe: Aku ora nggawa katentreman, nanging nuwuhake crah.” [Ayat 51]
Pak Karyo, staf keuangan ing salah satunggiling perusahaan mutusaken boten badhe nyaguhi menawi atasanipun ngengken mark-up (ngundakaken) laporan keuangan perusahaan dhateng direksi. Piyambakipun rila menawi pangkatipun boten mindhak-mindhak pinten-pintena tahun. Kosokwangsulipun, ing gesangipun, Pak Karyo rumaos bungah krana sikap lan keputusanipun punika. Menawi tilem, Pak Karyo saged angler.
Cariyos ing nginggil nedahaken bilih ing salebeting gesang punika wonten pilihan-pilihan. Pilihan punika saged ndadosaken kita dados tiyang becik lan jujur napa dados tiyang ingkang gampil tumindak ala lan gampil ngapusi.
Pancen, sacara kadonyan, tiyang ingkang tresna lan caket kaliyan kayekten utawi tumindak becik asring dipun mengsahi. Tiyang ingkang tumindak ala, langkung-langkung sampun nyawiji kaliyan kanisthan umumipun malah kathah rencangipun.
Dhawuhipun Gusti ing nginggil punika asring ndadosaken bingung. Punapa boten Injil Lukas piyambak ingkang nyebataken bilih rawuhipun Gusti Yesus ing donya punika identik sinebat ratuning katentreman (bdk. Yes. 9:5; Luk. 1:79; 10:15)? Lajeng kenging punapa ing waosan Lukas 12:49-53 nyebataken bilih rawuhipun Gusti Yesus malah boten ngasta katentreman nanging malah pradondi (pertentangan)?
Saking katuladhan, sih-tresna tuwin panguwaosipun Gusti ingkang kagambaraken kadya dene geni, ingkang ndadosaken gesangipun manungsa dados murni, kita saged nyinau bab pilihan-pilihan ing gesang punika: Sepisan, kanthi milih Gusti Yesus lan gesang nulad Sang Kristus, kita siap kecalan samukawis: kanca, padamelan, sedherek, lan bandha donya. Nanging, wekdal ingkang sami pikantuk  katentreman ingkang ajinipun ngungkuli ingkang sampun ical saking gesangipun. Kaping kalih, kanthi milih Gusti Yesus, kita siap ngalami “perang” kaliyan diri pribadi. Krana Gusti Yesus ingkang dados pilihan kita, mila Panjenenganipun ingkang dados tuladha kangge tumindak lan pandamel kita. Lan Panjenenganipun piyambak ingkang ndunungaken kita dhateng kayekten lan kabingahan ingkang sejati. [Pong]
“Ijo-ijo Siji apa Loro? Pilih Siji Ndherek Gusti.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar