Kamis, 30 Oktober 2014

Gesang Kagem Gusti

Bacaan : Rum 14 : 7 – 12  |  Pamuji : KPK 141
Nats: “Yèn kita urip, urip kita kuwi kagem Gusti, lan yèn kita mati, pati kita uga kagem Gusti. Apa kita urip, apa mati, kita tetep dadi kagungané Gusti.” [ayat 8]
Panguwaosing gesangipun manungsa menika namung wonten kalih: dosa lan Gusti Yesus Kristus. Sajawining Sang Kristus manungsa menika kaereh dening panguwasaning dosa, dados gadhahanipun dosa, pati. Wonten ing Sang Kristus manungsa katebus lan kauwalaken saking panguwasaning dosa lan pati sarta nampeni gesang langgeng peparingipun Sang Kristus. Awit saking menika sinten kemawon ingkang katebus dening Sang Kristus dados kagunganipun Sang Kristus. Pramila minangka kagunganipun Sang Kristus, gesang kita nggih kagem Gusti, yen kita pejah, kita nggih pejah ugi kagem Gusti. Kita boten gesang kagem kapentinganing dhiri kita piyambak.
Gesang lan pejah kagem Gusti menika gesang lan pejah ingkang kados pundi? Menapaa kemawon ingkang katindakaken kedahipun dipun sadhari minangka paladosan kagem pakaryanipun Gusti tumrap sedaya titahipun. Menapa ingkang kita tindakaken kedahipun murih karaharjan lan katentremaning brayat kita, manungsa sanes, titah sanesipun, masyarakat, bangsa lan negari; sanes kagem kasugihan kita piyambak. Menawi kita nemahi pejah, kita pejah ing rehipun Sang Kristus; kita nilaraken jagad menika ing salebeting sesambetan raket kaliyan Gusti Yesus ingkang sampun seda lan gesang malih kagem kita.
Ingkang asring lan gampil kelampahan ing gesang kita nggih menika bilih kita mboten nyadhari menapa ingkang kita tindakaken menika kagem Gusti. Ingkang asring dumados, sedaya tumindak kita, panyambut damel kita, nggih namung kagem dhiri kita utawi brayat kita piyambak. Temah ingkang kelampahan asring tumindak lan pandamel kita cengkah (bertentangan) kaliyan karsananipun Gusti, menghalalkan segala cara. Samangke, mangga nggladhi dhiri kita nindakaken samukawis klayan kesadharan bilih sedaya tumindak lan pandamel kita, kagem pakaryan lan kamulyanipun Gusti. Srana makaten, tumindak lan pandamel kita badhe tinuntun ing kaleresan, kasaenan lan karaharjan. [ST]
“Urip iku madhakke kabeh wong, pati iku kaunggulaning wong.” [George Bernard Shaw]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar