Senin, 06 Oktober 2014

Uluk Salam



Waosan : Rum 1 : 1 – 7  |   Pamuji : KPK  340
Nats: “Sih-rahmat anaa ing kowe kabeh lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus” [ayat 7b]

Uluk salam dados salah satunggaling bab ingkang wigatos ing salebeting pasrawungan. Uluk salam menika warni-warni, upaminipun: Kulanuwun, Kadospundi kabaripun?, Badhe tindak pundi?, Syalom!, lsp.  Umumipun, uluk salam dipun angge kangge mbukani pepanggihan lan pirembagan ingkang dipun lajengaken kaliyan nepangaken dhiri lan maksud sanesipun.
Salamipun Paulus menika katujokaken dhateng warga pasamuwan ing kitha Rum, ingkang sami mbetahaken tambahan semangat. Pramila Paulus janji badhe nuweni ing satunggaling wekdal mangke.
Paulus tiyang Yahudi ingkang nganiaya tiyang Kristen, nanging malah manjing pitados dhumateng Gusti Yesus. Allah kersa ngagem piyambakipun dados pirantos nyebaraken Injil ing salumahing bumi. Kanthi andhap asor piyambakipun nyebut dhirinipun minangka abdinipun Gusti Yesus. Kangge penduduk kitha Rum, status minangka abdi mboten nate dados cita-cita lan pengangen-angenipun.
Paulus ngabaraken bilih Gusti Yesus menika Putranipun Allah, Sang Mesias ingkang kaprajanjekaken, lan Gusti ingkang wungu. Paulus nyebutaken bilih Gusti Yesus menika tedhak turunipun Sang Parbu Dawud, kangge nedahaken bilih Gusti Yesus saestu netepi isi Kitab Prajanjian Lami, bilih Sang Mesias pinangkanipun saking tedhakipun Dawud. Injil menika isi pawartos bab Gusti Yesus ingkang rawuh manjalma manungsa. Gusti Yesus tedhakipun Dawud, seda lan wungu saking pejah, sarta mbikak kori sih-rahmatipun Allah kangge manungsa.
Saben tiyang pitados dipun paringi tanggel-jawab martosaken kabar kabingahan menika. Pramila perlu sami miwiti mbangun gesang enggal. Sebab sedaya tiyang pitados dipun timbali dados seksi lan conto ewah-ewahaning gesang. Saben tiyang Kristen katimbalan dados warga brayatipun Allah lan dados tiyang ingkang dipun piji (‘dikhususkan’) ngladosi Allah. Kabingahan ageng kangge tiyang pitados inggih menika dipun parengaken lumebet ing brayatipun Allah sarta ngalami katresnanipun Allah tuwin nampi warisan gesang langgeng. [Esha]
“Isinen uluk salammu nganggo tembung-tembung kang isi berkah!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar