Minggu, 26 Oktober 2014

Andhap Asor


Waosan : Matius 23 : 1 – 12  |   Nyanyian : KPK 134 Nats: “Sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, . . .” [ayat 12]
Kula mlebet dhateng salon badhe potong rambut. Tukang cukur menika lajeng cariyos, “Aku wis pengalaman nyukur ewon wong, wiwit bayi nganti mbah-mbah. Dadi bab nyukur wis ora ana sing angel.” Dereng wonten 5 menit piyambakipun cariyos mekaten lajeng wonten setunggal ibu ingkang nggendhong anakipun alit (kinten-kinten 2 tahun umuripun) ingkang mlebet salon. “Mas tulung rambute anakku dipotongke, ya!”
Kula gatosaken anggenipun tukang cukur menika motong rambutipun lare kalawau. Ketingal sanget bilih tukang cukur menika kewalahan. Lare menika boten saged anteng, polahipun kathah sanget. Kula lajeng nyuwanten, “Pripun, Pak, kok ketingal kemringet motong rambutipun lare alit?”
“Wah, nggregetne bocah niki, angel kon anteng,” mekaten tukang cukur kalawau paring wangsulan kaliyan radi lingsem.
Gambaran ingkang cetha bilih tiyang ingkang gampil ngunggulaken dhiri menika gampil kisinan. Mekaten ugi ingkang dipun alami dening para Farisi lan ahli Toret. Tiyang-tiyang menika rumaos nggadhahi kathah kawruh (pengetahuan) bab tatananing agami. Pramila asring njegsani tiyang sanes. Malah asring tiyang-tiyang menika dados momotaning tiyang sanes. Kasebataken: “Padha mbongkoki gegawan kang bot-abot banjur ditumpangake ing pundhaking wong, nanging dheweke dhewe ndumuk bae ora gelem” (ayat 4).
Pramila Gusti Yesus paring piwucal, “Sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, dene kang ngasorake awake dhewe bakal kaluhurake.” Piwucalipun Gusti menika kalambaran kawibawan ingkang inggil sanget. Awit, piwucalipun menika kasarengan tuladha. Benten kaliyan tiyang Farisi lan ahli Toret ingkang namung saged mucal nanging boten nglampahi. Piwucalipun dados tanpa kawibawan menapa-menapa, nglaha.
Mangga piwucalipun Gusti menika kita lampahi. Pancen boten gampil, nanging mangga kita kita sinau tansah andhap asor. Kita boten perlu ngegungaken dhiri, nyariyosaken ngrika-ngriki bab kapinteran lan kaprigelan, drajat lan pangkat, bandha donya lan kasugihan. Prasaja lan andhap asor kemawon! [smdyn]
“Gusti, kaparanginana kawula manah ingkang andhap asor!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar