Senin, 20 Oktober 2014

Geblage Embahe



Bacaan : Lukas 13 : 10 – 17  |  Nyanyian : KPK 62
Nats: Gusti Yésus ngandika marang kepalané sinagogé mau mengkéné: “Kowé kuwi wong lamis! Ing dina Sabbat kowé apa ora padha nggawa sapimu utawa kuldimu saka kandhang, lan katuntun metu prelu kokombèni?”[ayat 15]

Wonten warga pasamuwan ingkang simbahipun nembe kemawon seda. Ing sanes wekdal, dumadakan kulawarga menika nyuwun kaladosan ibadah syukur awit ngepasi 40 dinten “geblage embahe”, kamangka rikala semanten greja nembe repot sanget awit kathahing kegiatan. Kulawarga menika mboten purun kaladosan dinten sanes, kedah dinten menika. Lajeng tuwuh pitakenan, kadospundi tumrapipun iman Kristen, menapa leres wonten dinten ingkang mirunggan ngaten menika, taksih kawengku dening petang-petangan dinten kadosta matangpuluhi, nyatusi, nyewu, lsp.?
Petangan kados ing nginggil menika kadosdene petangipun bebrayan ing sinagoge. Tumrapipun bebrayan sinagoge mboten saged nindakaken pakaryan menapa kemawon ing dinten sabat. Mila pangarsa sinagogé nepsu sanget, rikala Gusti Yésus nyarasaken tiyang ing dinten Sabbat.
Manawi nitipriksa waosan ing inggil, mesthinipun iman Kristiani sampun mboten kawengku dening petang-petang ingkang kirang ndadosaken remenipun Gusti Allah. Pancen leres, bilih tiyang gesang kedah nggadhahi petangan ingkang premati, nanging petangan kalawau sampun ngantos ndadosaken thethelipun iman lan ngirangi panguwaosipun Gusti Allah ing salebeting gesang kita.
Sedaya dinten menika sae kagem nindakaken sedaya pakaryan lan paladosan kagem Gusti. Nanging titiwancinipun ugi kedah katindakaken kanthi wicaksana. Gusti rawuh kersa ngentheng-ngenthengi sangganing gesang kita, ingkang kawratan dening sedya petang-petang ingkang mboten wigatos kalawau.
Waosan kita ngajak mangga petang-petang kasebat, ngepasi geblake mbahe, kagantos dados petang amrih kados pundi pakaryan lan paladosanipun Gusti saged katindakaken kanthi sae. Sedayanipun kedah katindakaken kanthi kebak raos syukur. Kita mboten prelu ajrih dhateng petang gugon tuhon, nanging ajrih asih dhumateng Gusti. [masto]
“Sedaya dinten menika sae, manawi estu nyunaraken kanugrahan tentrem rahayu saking Gusti Allah.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar