Jumat, 10 Oktober 2014

Males Punapa


Bacaan : Rum 4 : 1 – 8  |   Pujian: KPK 146 : 1, 2
Nats: “Rahayu wong kang kaluputane ora kaetang dening Gusti Allah.” [ayat 8]

Pyar… pyar raosing ati rikala lelakon punika! Wekdal preian sesarengan kaliyan kanca-kanca, manah kula mungel mekaten “Oalah wis tekan Bali kok ora weruh artis lewat ya!” Lajeng mboten dangu kula ningali wonten satunggal artis ingkang asring wira-wiri ing infotainment, nembe dhahar siang kaliyan putranipun. Wekdal kula sapa, kok nggih mesem. Wekdal kula thungi tangan, kok nggih disalami. Wekdal nyuwun foto kok nggih kersa foto sesarengan, malah wawan rembag sawatawis.
Menawi dipun sapa mesem kemawon sampun dados satunggal kabingahan. Punapa malih kersa dipun salami, kaajak foto, malah-malah wicantenan sesarengan. Mboten nggumun menawi para fans lajeng asring paring kado-bingkisan awit bingahipun saged pinanggih kaliyan artis pujaan.
Wonten kabegjan ingkang linangkung tumrap kita tiyang Kristen, inggih punika dipun tresnani dening Gusti. Rama Abraham kaleresaken sanes karana pandamelipun. Punika kabar kabegjan kangge kita. Rama Abraham satunggaling tiyang ingkang bekti lan setya dhumateng Gusti sadanguning gesangipun. Rama Abraham katingalan sae dening Gusti Allah awit karana pracayanipun. Rama Abraham kaleresaken awit sih kamirahanipun Gusti.
Mekaten ugi sih kamirahan lan kasaenanipun Gusti saestu ageng tumrap kita. Begja sanget kita karana kasaenanipun Gusti, kita kaapura lan kaleresaken. Gusti pundi ingkang saged ngungkuli Gusti kita? Gusti ingkang mboten ngetang pahala, Gusti ingkang mboten ngetang punapa kita tiyang sae punapa tiyang ala, punapa kita punika tiyang sregep punapa ndamblek.
Tumrap tiyang ingkang sae dhateng kita kemawon, kita sampun gupuh, bingung badhe males kanthi cara punapa. Menawi saweg mampir, bingung mbetani gedhang, beras, jajan, lsp.  Menawi pinanggih artis para fans ugi paring punapa ingkang dados karemenaning artis pujaanipun. Dhumateng Gusti Allah ingkang tresna tanpa wates punika, kita badhe males kanthi cara punapa? Kita badhe ngaturi punapa? Mangga dipun galih lan dipun tindakaken! [PKS]

Apa kang dadi karemenane Sang Rama, lakonana…!


Tidak ada komentar:

Posting Komentar