Rabu, 22 Oktober 2014

Gusti Allah Makarya



Waosan :  Rum 8 : 26 – 30  |   Pamuji : KPK 34
Nats: “Saiki kita padha sumurup, yen Gusti Allah uga makarya ana samubarang kabeh, njalari becike wong kang padha tresna marang Panjenengane…”[ayat 28]

Wonten tiyang Kristen ingkang nggadhahi pemanggih ndherek Gusti Yesus menika tansah sekeca. Menapa kemawon ingkang dipun tindakaken salebeting gesang badhe nuwuhaken hasil ingkang sae lan boten nguciwani. Menika ingkang asring dipun sebat teologi sukses. Kosok wangsulipun bilih wonten tiyang Kristen ingkang sisah lan nandhang rekaosing gesang saged dipun wastani tiyang menika kenging paukuman saking Gusti. Karana menika kedah mratobat sarta nelangsani sakathahing dosa lan kalepatanipun dhateng Gusti. Pemanggih ingkang mekaten kalawau boten trep, karana senajan gesang kita ewed lan rekaos, Gusti Allah tansah setya tuhu dhateng kita. Gusti Allah maringi kita kakiyatan lan pitulungan dhateng kita.
Rasul Paulus nyerat layangipun saperlu ngengetaken warga pasamuwan Rum bab sih rahmatipun Allah. Paulus nyebataken Gusti Allah makarya wonten samubarang dhateng manungsa. Gusti Allah ngersakaken manungsa menika kebak katresnan dhateng Panjenenganipun. Paulus martosaken sih rahmatipun Gusti menika kaparingaken dhateng sedaya manungsa ing kahanan menapa kemawon. Pengajeng-ajengipun Paulus dhateng pasamuwan Rum supados kiyat lan wantun ngadhepi sedaya samukawis ing gesangipun. Anggenipun ndherek Gusti Allah boten namung ing kawontenan bingah kemawon nanging ugi ing sisah lan sangsara tansah setya tuhu dhateng Gusti.
Gusti Allah makarya ngantos samenika. Wujud pakaryanipun Gusti ingkang saged kita raosaken inggih menika arupi kakiyatan, kasarasan, tetedhan, lan tentrem rahayu salebeting gesang saben dinten. Langkung saking menika, Gusti Allah kersa ngasoraken Sariranipun manjalma dados manungsa ing Gusti Yesus nebus dosa-dosa kita. Gusti Allah maringi kawilujengan dhateng sedaya manungsa. Menika pakaryanipun Gusti ingkang agung kangge kita. Karana Gusti sampun makarya, dados tugas lan tanggel jawab kita martosaken pakaryanipun Gusti menika dhateng sesami. Kita puruna dados seksinipun Gusti ing satengahing bebrayan agung. Mangga kita sami ngraosaken pakaryanipun Gusti. [AR]
“Pakaryaning Gusti nuwuhake kabecikan kanggo manungsa”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar