Rabu, 10 Desember 2014

Ayem Ing Gusti



Waosan : Mateus 11 : 28 – 30  |  Pamuji : KPK 80 : 1, 2
Nats: “He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu” [ayat 28]

Ing Kidung Pasamuwan Kristen (KPK) angka 131, wonten lagu mawi irah-irahan “Ayem Wonten Ing Gusti”. Adatipun, kidung punika kakidungaken sesarengan nalika wonten sadherek kita ingkang tilar donya. Pancen, kidung punika nedahaken dhateng kita kahanan ayem ingkang sejatos, ingkang badhe kita panggihi kaliyan Gusti wonten ing swarga. Kaayeman lan katentreman ingkang langgeng.
Ananging, sejatosipun bab kaayeman saha katentreman punika mboten namung saged kita panggihi sasampunipun kita nilaraken donya punika, seda. Ing satengahing gesang padintenan punika kita ugi saged ngraosaken kaayeman saha katentreman. Gusti Yesus sampun nimbali: “He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu”. Timbalanipun Gusti punika trep sanget kangge kahanan kita ing jaman samangke. Saya dangu saya kathah panandhang lan sesanggen (pergumulan) ing satengahing gesang punika, sae punika bab ekonomi, bab gesang bebrayatan, lsp. Ing satengahing panandhang utawi pergumulan punika, saben tiyang saged ngalami stres lan depresi. Malah-malah, kathah tiyang ingkang mungkasi gesangipun klayan nganyut tuwuh (bunuh diri). Utawi, pados kompensasi ingkang nggegirisi kados dene ngagem narkoba lan mabuk-mabukan. Sedaya punika dipun lampahi, amargi manahipun sampun mboten kiyat nandhang awrating pergumulan. Manahipun mboten saged ayem tentrem malih.
Kangge kita tiyang pitados, Gusti sampun mbikak astanipun. Sedaya kita saged sowan dhateng Gusti temah manggih kaayeman saha katentreman. Gusti badhe melasi saben kita lan paring kaayeman manah ing salebeting panandhang kita. Gusti mboten badhe negakaken kita.
Pramila, sampun ngantos kita pados margi piyambak kangge manggihaken kaayemaning gesang. Awit sedaya marginipun manungsa punika mboten saged tumuju dhateng raos ayem ingkang sejatos. Inggih namung Gusti ingkang saged mujudaken kaayeman saha katentreman ingkang sejatos. Amin. [CS]
“Ora apa-apa aku lara lan ora sugih, sing penting aku ayem ing Gusti.”
http://www.gkjw.web.id/ayem-ing-gusti

Tidak ada komentar:

Posting Komentar