Senin, 22 Desember 2014

Sampun Ngantos Kecalan Iman



Waosan : Lukas 1 : 5 – 25  |  Pujian: KPK 212
Nats: “Kadospundi anggen kawula saged mangertos bilih bab punika saestu badhe kalampahan?” [ayat 18]
Kaserat ing Kitab Suci bilih imam Zakharia lan semahipun menika kawastanan tiyang-tiyang mursid. Ateges tiyang kekalih menika gesangipun tansah nyondhongi kaliyan karsanipun Gusti. Kegiatan rutinipun Zakharia menika ing babagan karohanen. Piyambakipun sampun kulina sesambetan kaliyan prekawis-prekawis ingkang gegandhengan kaliyan manah, raos lan iman. Saben dintenipun bab-bab menika ingkang nglimputi gesangipun. Miturut panimbang kita, priyantun ingkang ing saben dintenipun sesambetan kaliyan babagan karohanen mesthipun boten badhe gumun nalika ngadhepi prekawis ingkang secara nalar angel dipun mangertosi.
Nanging nyatanipun Zakharia sempat kecalan imanipun, mliginipun nalika dipun dhatengi malaekat ingkang ngendika, “…Elisabet bojomu, bakal nglairake anakmu lanang…” Nalika tembung-tembung menika dipun pirengaken dening Zakharia, sanes iman utawi babagan karohanen ingkang dipun ginakaken dening piyambakipun kangge nanggapi pawartos kabingahan menika, nanging nalar, logikanipun. Pramila Zakharia lajeng atur wangsulan, “Kadospundi anggen kawula saged mangretos  bilih bab punika saestu badhe kalampahan? Sabab kawula sampun sepuh, saha semah kawula sampun lungse….”
Cariyos menika maringi piwucal dhateng kita bilih ingkang saged mangu-mangu bab iman menika boten namung tiyang ingkang ringkih imanipun, nanging saged ugi nempuh dhateng tiyang ingkang saben dinten ngayahi tugas ing babagan karohanen. Pramila saking menika, sinten kemawon kita –dadosa ingkang saben dinten nggegilut pangandikanipun Gusti utawi ingkang namung kala-kala kemawon- sedaya samiya gadhah piyandel ingkang kiyat bilih menawi Gusti ngersakaken, boten wonten prekawis ingkang mokal. Sampun ngantos kita namung migunakaken nalar lan pamikir kita kemawon! Sampun ngantos kita namung ningali kawontenan kita ingkang sarwi winates. Nanging mangga ngantepi keyakinan kita! Mangga ningali agunging panguwaosipun Gusti ingkang linangkung![smdyn])
“Wonten ing Paduka boten wonten ingkang mokal”
http://www.gkjw.web.id/sampun-ngantos-kecalan-iman

Tidak ada komentar:

Posting Komentar