Kamis, 04 Desember 2014

Pondhasining Urip



Bacaan : Mateus 7 : 21 – 27  |  Pujian: KPK 191 : 3
Nats: “Wong sing ngrungokaké lan nglakoni piwulang-Ku, kuwi padha karo wong pinter sing ngedegaké omahé ana ing padhasan.” [ayat 24]
Nalika wanci arus mudik lebaran taun 2014 menika sampun celak, dumakan treteg (jembatan) Comal pedhot karana pondhasining treteg kegerus ilining toya kali. Kamangka treteg menika dados penghubung ingkang penting sanget saking wilayah satunggal dhateng wilayah sanesipun. Pramila lajeng tumunten enggal dipun dandosi. Puji sokur, namung sawatawis dinten kemawon, treteg menika saged dipun langkungi malih.
Gusti Yesus nedahaken bilih ingkang mbetahaken pondhasi ingkang kukuh menika mboten namung wewangunan, nanging ugi gesang menika. Pondhasi menika saestu wigatos sanget, dadosa kangge sedaya wewangunan lan ugi pigesangan. Pondhasi ingkang mboten sae lan kiyat badhe murugaken wewangunan lan pigesangan menika gampil pedhot, rubuh, risak. Wusananipun wewangunan utawi pigesangan menika mboten wonten paedahipun.
Pondhasining gesang kita ingkang sampurna nggih menika dhawuhipun Gusti. Supados pondhasi menika saestu sae lan bakuh, dhawuhipun Gusti Yesus menika kedah dipun pirengaken lan dipun lampahi. Dipun pirengaken tegesipun dipun mangertosi kanthi leres manut karsanipun Gusti piyambak, sanes miturut pikajeng kita. Dipun lampahi tegesipun penggalih, pangraos lan tumindak kita tansah dhedhasar dhawuh menika; menapa ingkang dipun prentahaken dening Gusti saestu kita tindakaken kanthi bingah, mboten kanthi pangresula.
Tiyang ingkang pondhasining gesangipun saestu sae lan bakuh,  menawi katempuh ing prahara mboten badhe gempung, bingung lan limbung manah lan penggalihipun. Gesangipun mesthi tetep tegar, tatag, tabah, mboten badhe kecalan katentreman lan kabingahan, karana pondhasinipun tetep bakuh, mboten ambrol. Pramila, sumangga kita tansah mirengaken dhawuhipun Gusti saben dinten, kita sinaoni supados saged mangertos kanthi yektos. Nadyan kadosa pundi kawontenan kita lan kawontenaning lingkungan kita, mangga tansah nggondheli lan nindakaken dhawuhipun Gusti. [ST]
Pondhasi urip kang bakuh yaiku dhawuh sucining Gusti.
http://www.gkjw.web.id/pondhasining-urip

Tidak ada komentar:

Posting Komentar