Kamis, 18 Desember 2014

Tinarbuka



Waosan : Yesaya 54 : 1 – 10  |   Nats : Ayat 4  |  Pamuji : KPK 43
Tanggal 17 Juli 2014 kepengker, Kapal Mabur MH17 kagunganipun Maskapai Penerbangan Malaysia ngalami kacilakan. Kapal maburipun kobong, krana dipun tembak rudal saking ngandhap. Penumpang pesawat ingkang cacahipun 298 tiyang babar pisan boten wonten ingkang sugeng, sedaya tilar donya krana kacilakan punika.
Saking kacilakan pesawat punika lajeng nuwuhaken pitakenan: sinten ingkang mbedhil pesawat punika mawi rudal? Negari Ukraina sélak, kelompok pemberontak Ukraina ignkang pro-Rusia sélak, Negari Rusia ingkang celak kaliyan wates wilayah Negari Ukraina inggih sélak. Lajeng sinten ingkang mbedhilaken rudal saking ngandhap, ingkang ndadosaken pesawat punika nemahi kacilakan? Ngantos renungan punika kaserat, taksih dereng wonten ingkang purun ngakeni.
Tembung sélak punika gampil tuwuh saking lathinipun manungsa, nanging tembung ngakeni punika awrat tuwuh saking lathinipun manungsa. Mila saben-saben pangabekti dinten Minggu, kita kaatag ngakeni kalepatan kita. Tiyang ingkang ngakeni kalepatan punika, tiyang ingkang kepengin mbikak lelampahaning gesang kanthi pangajeng-ajeng ingkang enggal. Gesang ingkang kebak sukabingah, karengkuh ing Sih-Rahmating Gusti Allah. Pangaken punika wujuding tandha iman ingkang gesang. Nanging boten ateges lajeng kita gampil ngakeni dosa, lajeng gampil ugi tumindak dosa, boten!
Sacara pralambang Yesaya ngatag kita kangge mbikak dhiri kita kanthi sawetahipun kagem rawuhipun Juru Wilujenging Jagad. Panjenenganipun nggambaraken bab tinarbuka punika kados tiyang estri ingkang nanggepi tresna-asih semahipun, pindha tiyang ingkang saweg kataman asmara. Wonten sikep tinarbuka saha lair-linairan, langkung-langkung ing ngarsanipun Gusti.
Ing ngarsanipun Gusti pancen mokal kita saged ndhelikaken kawontenan kita, nadyan ta sekedhik sanget ingkang badhe kita dhelik’aken. Awit Gusti Maha Mirsa. Mila, sumangga kita gesang  lan tumindak kanthi tinarbuka setunggal lan setunggalipun, langkung-langkung wonten ing salebeting patunggilan gesang ingkang paling alit, inggih punika brayat. [Pong]
“Untuk Menikmati Masa Depan, Terimalah Pengampunan Tuhan Terhadap Masa Lampau”
http://www.gkjw.web.id/tinarbuka

Tidak ada komentar:

Posting Komentar