Jumat, 26 Desember 2014

Matep Lan Waspada


Bacaan : Mateus 10 : 17 – 22  |   Pamuji : KPK 125 Nats: “Wong kabèh bakal padha sengit marang kowé merga saka Aku. Nanging sing sapa mantep tekan wekasan, bakal slamet.” [ayat 22]
Ing satunggaling lomba maraton (lari jarak jauh) utawi lomba sepeda pancal mbetahaken ketahanan ingkang ageng. Lomba menika mboten namung mbetahaken semangat ing wiwitan. Yen mboten saged etang-etang tanggoning raganipun saged mupus ing tengahing margi saderengipun dumugi ing finish (pungkasan). Menawi manggihi unggah-unggahan (tanjakan) katambahan bentering surya, karaos rekaos sanget, lajeng saged mupus ing tengahing margi.
Rekaosing gesang: pakewed, kasangsaran, kacingkrangan, was sumelang, ajrih lsp, saged lan malah gampil ndamel iman kapitadosan dados nglokro, mboten mantep. Kamangka lampahing gesang ing alam donya menika wekdalipun dangu sanget, mataun-taun lan mawindu-windu, menapa malih yen kathah pakewed lan kasangsaran ingkang dipun alami, kraos saya dangu malih. Sekecaning gesang kemawon saged ndamel kecalan kapitadosan, menapa malih rekaosing gesang, mesthi gampil sanget ndamel gingsiring iman.
Para pendherekipun Gusti Yesus mesthi badhe ngalami rekaosing gesang. Gusti Yesus ingkang pirsa bab menika, tumunten paring pepiling supados tansah waspada murih manteping kapitadosanipun. Para sekabat kadhawuhan supados mboten ajrih lan sumelang kados pundi ngalami pakewed lan kasangsaran menika. Gusti Yesus ngyakinaken bilih Rohipun Sang Rama mesthi mitulungi sanalika menika. Kang kaping tiga, Gusti Yesus ngengetaken bilih anteping kapitadosan kabetahaken ngantos tutuging lampahing gesang, ngantos pungkasan.
Kita sedaya ugi saged ugi ngalami rekaosing gesang, utawi bokmenawi samangke saweg ngalami gesang ingkang makaten, kita prelu ngantepi kapitadosan kita. Ingkang menika, saben dinten kita prelu tansah sesambetan kaliyan Gusti ingkang dados pikekahing kapitadosan kita. Kita yakini bilih Gusti Allah Rama kita ingkang mahaasih mesthi paring pitulungan dhateng kita. Ewasamanten, kita ugi kedah tansah waspada. [ST]
“Waspada menika saged etang-etang bebaya lan kakiyatan.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar