Selasa, 16 Desember 2014

Bukti Kasagahan



Waosan: Mateus 21 : 28 – 32  |   Pamuji : KPK 62 : 1, 3 & 4
Nats: “Titènana! Para pegawé pajeg lan para pelacur bakal luwih dhisik enggoné dadi umat ing Kratoné Allah ketimbang karo kowé.” [ayat 31]

Waosan kita dinten menika isi pasemon bab anak kalih ingkang kekalihipun mboten sampurna. Ingkang setunggal sagah nindakaken prentahipun ingkang rama, nanging mboten tumandang. Setunggalipun wiwitan mboten sagah tumindak, nanging wusananipun mangkat nindakaken prentahipun ingkang rama. Gusti Yesus memahami manungsa ingkang mboten sampurna. Nanging Gusti ngajeni tiyang ingkang lajeng mratobat lan nindakaken karsanipun Allah.
Srana pasemon anak kalih menika Gusti Yesus ngritik para pimpinaning agami Yahudi ingkang rumaos bangga dados tedhak turunipun asli umat Israel pilihanipun Gusti. Tiyang-tiyang menika ugi rumaos bangga karana netepi pranataning (aturan-aturan) agami Yahudi. Nanging tiyang-tiyang menika mboten nindakaken menapa ingkang dipun wulangaken dening nabi Yohanes Pembaptis, mboten purun nampeni piwulang lan pakaryanipun Gusti Yesus.
Kathah sanget ing antawis kita ingkang dados kagunganipun Gusti karana dados turunipun tiyang Kristen, dados tedhak turunipun tokoh sejarah Kristen utawi greja. Nanging, sampun rumaos bangga dados turunipun tiyang Kristen! Sampun rumaos bangga karana sampun Sidi (luwar tanggung) wiwit taksih umur welasan taun utawi mbaptisaken anak wiwit taksih bayi, lsp! Sampun rumaos bangga karana mataun-taun sregep nindakaken kegiatan greja: warni-warni rapat, latihan koor, mucal kataksasi, lelados pangibadah, lsp! Karana, ingkang dipun kersakaken dening Gusti nggih menika bukti anggen kita nindakaken dhawuh prentahipun Gusti.
Mangga sami niti priksa gesang kita! Menapa saestu sampun wonten buktinipun anggen kita welas asih dhateng tiyang ingkang kecingkrangan lan sisah? Menapa saestu sampun wonten buktinipun anggen kita tumindak leres, jujur, sae lan adil dhateng sedaya tiyang? Menapa saestu sampun kabukti anggen kita mulangaken karsanipun Gusti dhateng anak/ putu kita kanthi tuladha ingkang sae? Menapa saestu sampun kabukti anggen kita ngajeni tiyang sepuh/ mara sepuh? [ST]
Luwih becik dadi tilase wong ala tinimbang dadi tilase wong becik.
http://www.gkjw.web.id/bukti-kasagahan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar