Selasa, 02 Desember 2014

Pitepangan Kaliyan Gusti



Waosan : Lukas 10 : 21 – 24  |   Pamuji : KPK 167 : 1 – 3
Nats: “Samubarang kabèh wis dipasrahaké déning Sang Rama marang Aku. Lan ora ana wong sing ngerti Sang Putra kuwi sapa, kejaba mung Sang Rama. Mengkono uga ora ana wong sing ngerti Sang Rama kuwi sapa, kejaba mung Sang Putra piyambak, lan wong-wong sing diwanuhaké Sang Putra mau marang Sang Rama.” [ayat 22]
Pitepangan kaliyan Gusti Allah menika perkawis ingkang angel kalampahan. Menapa malih menawi manungsa ingkang gadhah pepinginan badhe tepang kaliyan Gustinipun. Nanging menawi Gusti ingkang ngersakaken tepang kaliyan manungsa menika mesthi saged kalampahan. Menapa malih menika inggih awit saking keparenging penggalihipun Gusti.
Gusti Yesus ngendika bab kapitadosan ingkang kiyat bilih rancangan kawilujenganipun Gusti Allah mesthi badhe kalampahan. Sinaosa menika tetep wados (rahasia) tumrap para winasis. Ing Injil Lukas kacariyosaken kanthi kawontenan ingkang mbingahaken kados ingkang kedadosan: “kacarita sakabat pitungpuluh mau padha bali kanthi bungah sarta padaha munjuk: “Gusti, dalasan para dhemit sami nungkul dhateng kawula awit asma Paduka.” (ay. 17). Gusti Yesus tumunten paring dhawuh dhateng para sakabat supados anggenipun sami bebingah menika sanes karana saged nundhung dhemit, nanging karana pitados bilih “jenengmu wis katulisan ing swarga,” (ayat 20).
Ing kabingahan menika Gusti Yesus memuji lan sukarena ing ngarsainpun Gusti Allah, kanthi kabingahan ingkang suci ingkang kawangun lan ing pakaryanipun Allah pribadi. Wonten ing kabingahan menika Gusti Yesus saestu sukarena ing ngarsanipun  Gusti Allah ingkang nitahken langhit lan bumi, ingkang kangungan panguwaos tumrap sedaya titah. Inggih ingkang salajengipun kasebat Allah Rama.
Semanten tebih lan lebet sanget pitepanganpun Gusti kangge manungsa, ngantos manungsa ugi saged nyebat Gusti Allah dados Ramanipun. Pramila, karana kita sampun dipun tepangaken Gusti Yesus, kita ugi bingah kados kabingahanipun  Gusti Yesus. Anjawi saking menika kita ugi prelu memperluas dan memperdalam pitepangan kita kaliyan Gusti. [Bpur]
“Saya lebet pitepangan, saya lebet katresnan.”
http://www.gkjw.web.id/pitepangan-kaliyan-gusti

Tidak ada komentar:

Posting Komentar