Senin, 08 Desember 2014

Gedhe Tekade



Waosan : Lukas 5 : 17 – 26  |  Pujian: KPK 82
Nats: “Apa sing padha kokpikir ing sajroning atimu?” [ayat 22]

Antawis taun 1970-an TV ing dhusun kula dereng kathah, namung setunggal kalih brayat ingkang sampun kagungan. Pemerintah nalika semanten nyawisaken TV ingkang saged dipun tingali dening warga masyarakat. TV menika kapapanaken ing Kantor Penerangan. Griya kula kaliyan kantor penerangan tebih, antawis 5 km.
Menawi wonten acara All England lan Piala Dunia kula kaliyan kanca-kanca SMP nekad mlampah tebih lan peteng namung supados saged ningali TV. Kamangka limrahipun acara pertandingan kalaksanan tengah wengi. Nanging amargi raos kepinginan ingkang inggil, margi ingkang peteng, tengah wengi, hawa asrep lan papan tebih sanes alangan. Kejawi menika TV jaman rumiyin boten cetha gambaripun kados samangke. Sedaya menika boten dados alangan.
Pengalaman ing nginggil menika ingkang ujug-ujug medal nalika kula maos bab tiyang-tiyang ingkang njebol payon supados tiyang ingkang lumpuh saged dipun sarasaken dening Gusti Yesus. Tiyang-tiyang ingkang mbopong tiyang lumpuh menika ngadhepi sawetawis alangan: lawang sampun dipun kebaki dening tiyang kathah, mokal nrobos, ugi tiyang kathah ingkang boten perduli dhateng tiyang sanes ingkang betah pitulungan. Ingkang dados punjering angen-angenipun tiyang-tiyang ingkang mbopong tiyang lumpuh menika namung: Kadospundi tiyang lumpuh menika saged langsung kapapanaken ing punjering pakempalan, i.p Gusti Yesus? Mila nalika ningali kawontenan bilih mokal nginggiraken tiyang-tiyang ingkang sami nggrombol, lajeng nekad mbikak payon. Tekad lan keyakinan ingkang inggil bilih Gusti Yesus badhe nyarasaken menika ingkang murugaken tiyang-tiyang kalawau saged ngatasi alangan. Lan nyatanipun Gusti Yesus paring tanggapan ingkang sae dhateng tiyang-tiyang menika.
Cariyos menika saged dados pangilon kangge kita supados boten gampil semplah nalika saweg nyanggi momotan awrat ing gesang utawi saweg ngadhepi maneka warni alangan. Tekad lan keyakinan ingkang kiyat mesthi badhe ngawonaken reribed. Sumangga tansah kita sirami kekendelan kita ngadhepi maneka warni godha rencananing gesang. [smdyn]
“Namung Paduka ingkang dados tuking kekiyatan kawula.”
http://www.gkjw.web.id/gedhe-tekade

Tidak ada komentar:

Posting Komentar