Jumat, 12 Desember 2014

Ora Tau Asat



Waosan : Yesaya 48 : 17 – 19 |  Pamuji : KPK 62 : 1 – 4
Nats: “Manawa sira nggatekake marang dhawuhingSun, tentrem rahayunira bakal kaya kang ora tau asat, lan kabegjanira bakal terus luber kaya ombaking sagara kang ora tau leren.” [ayat 18]

Sadhar menapa boten sadhar tentrem rahayu mesthi dipun betahaken saben tiyang. Karana manekawarni kasangsaran saged ngebruki gesanging manungsa. Malah boten sekedhik ingkang rumaos kasangsaran menika boten nate pedhot wonten ing jagad menika. Kasangsaran dipun sababken dening dosa ingkang ngereh manungsa. Inggih awit manekawarnining kasangsaran menika, pramila manungsa mbetahaken tentrem rahayu. Menapa malih, manungsa saya bingah menawi tentrem rahayunipun boten nate asat, menapa malih katambahan kabegjan ingkang terus luber kados ombaking segara ingkang boten nate kendel.
Saged nampi ingkang kados mekaten kalawau mesthi wonten pawitanipun. Boten namung loko-loko, utawi boten nglampahi menapa-menapa. Lan mesthinipun wonten ingkang maringi. Saking waosan kita menika cetha ingkang kersa paring ganjaran ingkang ageng  nggih menika, kanthi sebatan ingkang kathah: Sang Yehuwah, Juru Panebusmu, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel (ayat 17). Ingkang kathah kalawau ingkang salajengipun ugi saged kasebat Gusti Allah. Ingkang dipun kersakaken Gusti Allah supados manungsa nggatosaken dhawuh-dhawuh pitedahipun. Gusti Allah boten ngersakaken kathah saking manungsa, tur manungsa mesthi saged nglampahi. Nanging asring manungsa boten purun nggatosaken kanthi alesan ingkang sok boten waton.
Menawi pancen kita purun nggatosaken lan nglampahi dhawuh-dhawuh pitedahipun Gusti Allah saestu ganjaran badhe nyarengi lampahing gesang kita. Nggatosaken tegesipun kanthi temen-temen nggegilut lan ngraos-raosaken ing salebeting manah. Menawi sampun saged ngraosaken, mesthi kabereg nglampahi dhawuh menika. Kasebataken: “tentrem rahayu kang ora bisa asat, kabegjan kang terus luber, turunira bakal kaya wedhi lan jenenge ora bakal kasirnakake.” Saestu kathah ganjaran kangge tiyang ingkang purun nggatosaken lan nglampahi dhawuh pitedahipun Gusti. [Bpur]
“Rasakna dhawuhe Gusti jroning ati, mesthi bakal kepingin nglakoni.”
http://www.gkjw.web.id/ora-tau-asat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar