Rabu, 24 Desember 2014

Kadigdayan



Bacaan : Yesaya 9 : 1 – 6  |  Pujian: KPK 143 : 1, 3
Nats: “Bangsa kang lumaku ing pepeteng, wus sumurup pepadhang kang gedhe.”[ayat 1]
Tiyang keluwen pikantuk tetedhan, tiyang ngorong pikantuk omben. Tiyang wuda pikantuk rasukan. Tetedhan, omben, rasukan tamtu dados barang ingkang aji sanget tumrap tiyang ingkang mbetahaken. Sedaya manungsa ingkang nandhang kasisahan tamtu mbetahaken pangluwaran. Mekaten ugi tumrap Israel umatipun Allah. Karana dosa-dosanipun, Allah ngeparengaken bangsa punika dipunkuwaosi dening bangsa-bangsa sanes kados dene Asyur. Rekaos nglimputi saranduning gesangipun. Ingkang dipun betahaken inggih punika pangluwaran saha gesang ayem tentrem.
“Bangsa kang lumaku ing pepeteng” punika nedahaken manungsa ingkang ngambah margi ingkang peteng ndhedhet lelimengan. Tamtu lumampah ing margi peteng punika mboten sekeca. Saged kesandhung lan kesasar, mboten dumugi ing papan ingkang katuju. Ananging wonten pawartos kabingahan ageng dene sampun wonten pepadhang ingkang nyunari lampahipun umat, inggih punika wiyosipun Sang Juru Wilujeng, Gusti Yesus Kristus. Sok sintena ingkang purun katuntun dening pepadhang punika badhe ngraosaken ayem tentrem.
Perkawis ingkang kedah kita gatosaken nggih punika, bab  “lumaku.” Bentenipun, rumiyin lumampah ing margi peteng, sapunika ing margi ingkang padhang. Marginipun ingkang kedah dipunlampahi sami-sami ciyut, nggronjal, munggah-mudhun, rekaos. Punika ingkang kedah dipun gatosaken dening umatipun Gusti sapunika. Kathah tiyang Kristen ingkang nggadhahi pemanggih, “nek wis ndherek Gusti, reribet bakal sirna, ekonomi lancar, anane mung seneng terus ora nate sedhih.” Menawi mboten mekaten lajeng mutung lan nebih saking Gusti.
Kita gesang ing donya ingkang kebak dosa. Kita mboten saged uwal saking pacoben, gesang ingkang rekaos, pergumulan, lsp. Ananging ing salebetipun perjuangan punika, kita kasagedaken, kakiyataken dening Gusti nglampahi lan ngadhepi sedayanipun. Sumangga kita tampeni pepadhang gesang punika lan terus semangat nglajengaken lampah gesang ing margi kita ingkang ciyut, nggronjal, munggah mudhun lan rekaos punika. Gusti paring kadigdayan! [PKS]
“Dalan padhang ora ndadekake sumelang.”
http://www.gkjw.web.id/kadigdayan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar