Minggu, 28 Desember 2014

Krungu Lan Ngerti


Waosan : Efesus 3 : 2 – 6  |   Pamuji : KPK 192 Nats: “Kowe rak wis padha krungu mungguh ayahaning sih-ramate Gusti Allah, kang kapitayakake marang aku marga saka kowe kabeh” [ayat 2]
Ujian Nasional kangge siswa klas 3 SMP lan klas 3 SMA asring ndadosaken “momok”, ajrih. Boten namung siswanipun, nanging ugi lembaga sekolahipun. Mila, wonten pangupaya ingkang dipun tindakaken. Ing sekolah katindakaken doa, istighosah, try-out, malah ugi wonten ingkang pados bocoran soal lan kunci jawaban. Ujian ingkang mesthinipun asipat rahasia malik dados boten rahasia. Umumipun, siswa ingkang angsal bocoran soal utawi kunci jawaban punika kraos remen sanget. Ingkang wadi sampun kabukak.
Seratanipun Paulus ing dinten punika paring piwucal: Sepisan, Paulus sadhar kathah tiyang ingkang dereng mirengaken kabar bingah wewadi saking Sang Kristus punika. Krana punika, Paulus wekel anggenipun martosaken dhateng tiyang sanes, mliginipun tiyang sanes Yahudi. Menawi mekaten, kita minangka tiyang ingkang sampun nampeni kanugrahanipun Sang Kristus kedahipun ngrumaosi bilih bab punika boten kita agem kangge gesang kita piyambak, ananging ugi kangge tiyang-tiyang sakiwa tengen kita ingkang mbetahaken kanugrahanipun Gusti.
Kaping kalih, Paulus nggadhahi kekendelan sowan dhateng Gusti Allah, awit Gusti Allah ingkang langkung rumiyin nampeni kita kanthi ngawontenaken bedhamen ing dalem Sang Kristus. Wewadinipun Sang Kristus dados jaminan kangge kita bilih ing kamirahanipun, Gusti Allah tansah nampeni kita ingkang sowan Panjenenganipun. Kadosa pundi petenging gesang kita, Panjenenganipun tetep setya tuhu nampeni gesang kita.
Kaping tiga, Paulus boten mangu-mangu nalika pangundhanging Injilipun Allah punika katampik dening tiyang-tiyang ingkang boten purun pitados. Malah nalika wonten ing salebeting pakunjaran, babar pisan Paulus boten mangu-mangu. Paulus pitados dhateng Sang Kristus lan sedaya pakaryanipun Gusti Yesus Kristus.
Tumrap ingkang pracaya Gusti Yesus, kita boten badhe tahan nyimpen wadinipun Sang Kristus, nanging terus kita undhangaken ing saranduning gesang kita sadinten-dinten. [Pong]
“Gesanging tyang pracaya  lir buku ingkang tinarbuka, murih tiyang sanes saged maos lan mangertos Sang Kristus.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar