Selasa, 30 Desember 2014

Ngesokake Isining Ati



Waosan : 1 Samuel 1 : 9 – 20  |    Pamuji : KPK 89 : 2
Nats: “Kula boten ngombe anggur utawi minuman ingkang mendemi, nanging ngesokaken isining manah kawula wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah.” [ayat 15b]

Curhat utawi ngesokake isining ati, kalebet salah satunggaling terapi menawi kita nindakaken peladosan pastoral  (penggembalaan). Kanthi ngesokaken isining ati biasanipun klien (tiyang ingkang curhat) lajeng rumaos suda utawi entheng momotaning manahipun. Kejawi menika  pastor/ pendhita/ pelados saged mangertos menapa ingkang dados pergumulanipun klien. Curhat ingkang katindakaken dening klien biasanipun kanthi pangangkah sageda angsal jalan keluar saking momotan ingkang dipun sanggi. Sampun tamtu kedah kanthi wicaksana anggenipun milah lan milih sinten ingkang saged dipun curhati. Tamtu boten angger tiyang saged dipun curhati. Awit menawi klentu, boten ngrampungi reribet (masalah), ananging malah nambahi reribet.
Hana ngesokaken isining manahipun dhateng Gusti Allah lan dhateng Imam Eli. Anggenipun ngesokaken isining manahipun kanthi manah ingkang sedhih, nangis senggrak-senggruk. Karana Hana namung umak-umik, boten kepireng swantenipun, pramila Imam Eli nggraita bilih Hana menika saweg mendem. Hana atur wangsulan dhateng Imam Eli, bilih piyambakipun boten mendem, nanging ngesokaken isining manahipun dhateng Sang Yehuwah, karana sumpeg saha sakiting manahipun ngantos wicanten dangu sanget. Imam Eli dhawuh: “Mundura kanthi tentrem rahayu, lan muga-muga Gusti Allahe Israel minangkani panyuwunmu.” Saestu Gusti Allah ngengeti dhateng abdinipun lan maringi Hana putra kakung karan Samuel.
Menawi kita nandhang pakewed lan reribet ing gesang kita,  karana kathah momotaning gesang ingkang kedah kita sanggi, sumangga kita sami nulada dhateng Hana: ngesokaken isining manah dhateng Gusti, nyenyuwun kanthi ngganter, kinantenan rempuning manah, saha kapitadosan, Gusti mesthi minangkani. Anggen kita ndedonga menika sampun namung ing tutuk kita. Pandonga kita kedahipun mijil saking lebeting manah ingkang saestu, dados bahasa hati, curahan hati. Amin [SS]
“Gusti Allah myarsakaken kelairing manah,  sanes kawedaling pitembungan endah.”
http://www.gkjw.web.id/ngesokake-isining-ati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar