Selasa, 22 Mei 2012

Becik Mirengake Tinimbang Macaake

Waosan : Yohanes 17: 1-11a
Pamuji : KPK 192

Saben sabda ingkang sinerat ing Kitab Suci, sepisanan lan ingkang utami inggih menika kawaosaken lan kapirengaken. Minangka umat kagunganipun Gusti, mugi sageda amirengaken, nglangkungi namung maos, ateges kita saged taken dhateng diri kita piyambak, “apa aku wis mirengake temenan opo among sokur mirengake wae, dhawuhe Gusti, saben-saben kawaosake?” (to listen or to hear?).
Menawi kita kanthi estu mirengaken, kita pitados mesthinipun dhawuhipun Gusti menika nggadahi daya kakiyatan lan saged nguwaosi saha paring pengaruh tumraping gesang kita temahan kita saged mbangun turut sabdanipun Gusti ing manekawarni cara tumindak gesang kita saben ari, saben wayah, ing pundia kemawon. Benten malih nalika dhawuhipun Gusti menika anamung sokur kita pirengaken (sambil lalu) langkung-langkung menawi kita boten nate bekta Kitab Suci babar pisan menawi tindak ing pisowanan pangabekti (bab menika taksih kathah sanget pakulinan boten ngasta Kitab Suci ing Pangabekti, sinaosa ta ten griya kita gadhah, malah cacahipun langkung saking setunggal).
Kita sedaya tinimbalan dadosa tiyang ingkang lelaku dhawuhe Gusti ing gesang kita saben ari. Ungguling  kwalitas tiyang pitados utawi tiyang angkang ngakeni ber-agama gumantung saking panindak utawi kados pundi dhawuhipun Gusti menika kaestoaken, boten namung kepara dados wacana utawi bahan pirembagan kemawon. (KrisPong)
Ngelmu iku, kelakone kanthi laku,
Lekase lawan kas, tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara

Tidak ada komentar:

Posting Komentar