Senin, 14 Mei 2012

Gusti Kang Nimbali


Waosan: Yohanes 15: 9-17
Nats: “….. Nanging Aku kang milih kowe” (ayat 16)

Menawi wonten tiyang ngunjukaken pitakenan: “Punapa dhasaripun dene panjenengan sami ngrausk agami Kristen?”. Wangsulanipun saged werni-werni. Antawising setunggal kaliyan setunggalipun mesthi boten sami. Wonten ingkang mangsuli karana sampun ngalami pepanggihan kaliyan Gusti Yesus salebeting gesangipun para pitados. Sanesipun saged mangsuli yen nate ngalami sapaan personal dalam doa. Saged ugi wonten ingkang rumaos “kepeksa”, jalaran wiwit alit sampun kabaptis, lsp. Menawi kagatosaken malih, wangsulan-wangsulan kala wau gadahi kesamaan. Inggih punika awit saking karsanipun Gusti piyambak. Inggih Gusti piyambak ingkang sampun nimbali. Gusti sampun paring dhawuh: “… , nanging Aku kang milih kowe” (ay. 16)
Matias katetepaken dados muridipun Gusti, nggentosi Yudas Iskariot boten awit saking pikajengipun piyambak. Matias minangka tiyang ingkang sampun pitados dhateng Gusti saged ngetingalaken pribadinipun minangka tiyang pitados lan lampahing gesangipun pantes kangge tuladha. Sanadyan makaten tetep kemawon sih-rahmatipun Allah ingkang sampun makarya ing manah lan gesangipun, temah Matius wantun mangsuli: “Inggih, mugi karsa Paduka piyambak ingkang kelampahan’.
Kita inggih umat kagunganipun Gusti. Dene saged kelampahan kados makaten jalaran Gusti piyambak ingkang ngarsakaken. Gusti piyambak ingkang sampun nimbali kita. Bab punika minangka sih rahmat ingkang ageng, ingkang sampun kita tampi. Sanadyan Gusti piyambak ingkang karsa nimbali boten ateges kita boten gadahi tanggel jawab tumrap timbalanipun Gusti kala wau. Minangka umat ingkang sampun dipun timbali, kita gadahi kewajiban mujudaken karsanipun Gusti salabeting gesang punika, murih tiyang sanes ingkang sumerep lampahing gesang kita ugi saged ngraosaken sih rahmatipun Allah. (DP)
Mugi Paduka tansah nuntun lampah kawula. Amin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar