Rabu, 30 Mei 2012

Pengin Dadi Pangarep = Dadia Abdi


Waosan : Markus 10: 32-45 
Pamuji: KPK. 137: 2
Mapag PEMILU 2014, sawetawis kirang 2 warsa anggenipun bangsa Indonesia menika ngawontenaken ingkang asring kasebat “Pesta Demokrasi” menika. Dinten-dinten menika kita sadari menapa boten sampun kawiwitan lan badhe sangsaya rame ing salajengipun, para tokoh ingkang miwiti mempromosikandiri kangge nyawisaken pencalonan dados para pemimpin utawi penguasa. Para tokoh sampun miwiti nabuh genderang perang kangge ngrebat kursi RI 1/presiden. Bok bilih boten dipun jarwaaken mawi pitembungan kang blaka, ananging menika kasunyatanipun.
Ing iklan-iklan ingkang kandhutan politik kalawau wonten ingkang nengenaken petani, kados-kados ta tokoh kalawau dados pembela kawula tani, wonten ingkang nengenaken lare-lare, kados-kados ta pun tokoh kalawau dados pembela para lare. Wonten ingkang nengenaken alaning liyan, supados piyambakipun ketingal sae, lan taksih kathah cara ingkang dipun agem kangge ngrebat pangwasa dados tiyang nomor 1.
Dinten menika , kados ingkang dumadi ing sakiwa tengen kita, kita mirengaken kados pundi Yohanes lan Yakobus menika ngincer kuasa ing sisih kiwa lan tengenipun Gusti Yesus. Gusti Yesus lanjeng ndangu: “apa kowe wani ngobe saka ing tuwung sing bakal Dakombe? Apa kowe saguh ngalami kasangsaran sing bakal Dakalami? Wangsulane: Inggih Sagah (Terj. 1994). Menapa para sekabat menika estu mangertosi menapa tuwung ingkang kedah dipun ombe dening Gusti Yesus? Menapa para sekabat menika estu sagah?
Iba gampilipun para sekabat menika celathu: “kula sagah?. Dayaning kuasa pancen nengsemaken lan ndadosaken ulap manungsa . kathah tiyang ingkang ngincer kuasa. Malah-malah krana kuasa ndadosaken tiyang menika dados wuta saking tanggeljawab lan konsekwensi ingkang kedah dipun tindakaken. Gusti estu pirsa bab menika, Gusti paring dhawuh: “sing sapa sing ngangkah dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia abdine wong kabeh” (Terj. 2006). Piwucal menika iba wigati supados kita sedaya eling bilih kuasa menika ateges peladosan, ngabdi. Sekedhap malih dauran Majelis, sinten ingkang kepingin ngrebut kursi anggota Majelis nomor 1??? Kula kinten kathah rebutan emohe, tinimbang gelem lan cumadhange?!?!? (KrisPong)
“Dadi PANGAREP di arep-arep, yen dadi ABDI disiriki. Kamangka dadi PANGAREP kuwi iya kudu DADI ABDI

Tidak ada komentar:

Posting Komentar