Jumat, 18 Mei 2012

Tuwi-Tinuwi


Waosan: Yokanan 16: 20-23a
Pamuji : KPK 104
Nats: “…kowe samengko iya padha nandhang susah, … Aku bakal nemoni kowe maneh temahan bakal padha bungah atimu..”
Kasisahan punika kawontenan ingkang limrah kemawon. Ewasamanten boten patut kita sepelekaken. Kedah wonten perhatian ingkang dipun tindakaken. Gusti Yesus saestu mengertos kasisahanipun para sakabat. Para sakabat katilar dening Gusti Yesus nandhang pasiksan lan seda. Para sakabat nandhang kasisahan ingkang awrat sanget, ngantos kados-kados boten saged linipur malih. Katitik Yudas Iskariot nganyut tuwuh (bunuh diri). Awit saking punika Panjenenganipun prasetya badhe manggihi malih para sakabat. Dahwuhipun Gusti Yesus punika nedahaken bilih panglipuran dhateng tiyang ingkang nandhang dhukita boten namung ing dinten kasedan kemawon. Panglipuran kedah dipun katindakaken malih ing dinten candhakipun. Gusti Yesus ingkang gesang saestu netepi prajanjinipun manggihi para sakabat malih. Temahan para sakabat saestu ngalami kabingahan awit patuwenipun Gusti Yesus.
Makaten ugi yen kita saweg nandhang sisah Gusti Yesus mesthi boten negakaken kita. Sumangga dipun raos-raosaken rawuhipun Gusti Yesus manggihi kita malih.
Sadherek kita ingkang nandhang duka utawi kasisahan mbetahaken patuwen kita. Kita ingkang gesang ingkang kedah lan saged manggihi lan nglipur ingkang saweg nandhang sisah. Patuwen kita boten cekap namung sepisan. Adatipun bakda dinten dhukita (pametaking layon) boten wonten malih ingkang nggatosaken utawi nuweni malih ingkang saweg nandhang dhukita. Kados-kados sadaya sampun bibar, sampun rampung. Ing kasunyatan, kasisahanipun sadherek kita punika dereng uwal. Pramila taksih mbetahaken panglipuran kita. Prayogi kita manggihi malih ing 3 dinten, 7 dinten, 40 dintenipun utawi ing dinten-dinten sanesipun. [ST]
“Manggihi lan mirengaken kanthi temen dados panglipuran ingkang ageng, boten kedah mituturi.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar