Jumat, 25 Mei 2012

Ndherek Makarya


Waosan : Yokanan 21: 20-25
Pamuji : KPK 85
Nats: “Nanging kowe: melua Aku!” (Ayat 22b)

Nalika kula taksih bocah remaja, kula asring dipun ajak melu bapak kula dhateng sabin (sawah) lan tegil (ladang). Kula dipun ajak supados nglampahi punapa ingkang dipun tidakaken dening bapak kula, kados matun (njeboli rumput ing antawisipun taneman), ngarit (panen) pantun, macul, ngundhuh lombok.
Gusti Yeus ugi ngajak Simon Petrus supados ndherek Penjenenganipun: “melua Aku!” Simon Petrus dipun ajak punika boten supados nampeni lan menikmati barkahipun Gusti. Nanging supados nglampahi punapa ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus. Supados ngundhangaken pawartos utami, kabar kabingahan, kabar kayekten, kabar pameleh lan pitobat. Dipun ajak supados ngupaya maujuding kayekten, kaadilan, patunggilan lan katresnan. Dene barkahipun Gusti mesthi dipun paringaken otomatis.
Lah makaten ugi sadaya umat Kristen dipun timbali ndherek Gusti Yesus. Kita dipun timbali ndherek Gusti Yesus supados kita nglampahi punapa ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus. Kita tinimbalan supados nindakaken pakaryanipun Gusti ing tengahing pasamuwan lan masyarakat. Kita tinimbalan boten supados kita dipun ladosi, nanging supados kita lelados ing tengahing pasamuwan lan masyarakat. Barkahipun Gusti mesthi dipun paringaken dhateng kita.
Kathah tiyang Kristen ingkang anggenipun ndherek Gusti namung ngarep-arep lan nyadhong barkahipun Gusti, namung pados kepenake urip. Patrap ingkang makaten punika lingsem, boten patut. Yen kita temen lan tulus ndherek Gusti, tegesipun nglampahi punapa ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus, barkahipun Gusti boten sisah kita ajeng-ajeng mesthi dipun paringaken dhateng kita. Jer Gusti kita punika maha mirah, mokal boten paring barkah dhateng umatipun ingkang setya. Pramila sumangga kita kanthi bingah ndehrek lelados ing pasamuwan lan masyarakat manut kasagedan lan kaprigelan kita piyambak-piyambak. [ST]
“Ndherek Gusti iku tegese nindakake pakaryane Gusti”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar