Sabtu, 12 Mei 2012

Ngundangake Pawartos

Waosan : Yohanes 15: 18-21
Ngundangaken pawartos kabingahan ingkang saking Allah punika sanes prekawis ingkang gampil. Bab punika boten namung kita kemawon ingkang ngalami nanging para murid ugi sampun ngalami piyambak. Malah Gusti Yesus sampun paring dhawuh: “Menawa kowe padha disengiti dening jagad”. Dados dhasaripun, jagad pancen sampun gadhahi raos sengit utawi boten seneng dhateng prekawis-prekawis ingkang sae, ingkang leres kados ingkang kakarsakaken dening Allah. Wiwit wiwitan jagad sampun gadahi daya lan pangwasa ingkang ngrisak, ingkang tansah mbudidaya anggenipun badhe nggagalaken gumelaripun kabar kabingahan saking Allah ing jagad punika.
Isining jagad punika kebak manungsa ingkang gadahi latarbelakang ingkang werni-werni. Boten wonten ingkang lepat tumrap kawontenan ingkang kados makaten kala wau. Celakanipun, kawontenan ingkang kados makaten malah kaginakaken dening Iblis kangge ngrisak gesangipun manuisa. Iblis ngrasuk ing manahipun saben tiyang lan mbisiki supados boten sami tresna-tinresnan, nanging samia sengit-sinengitan. Malah menawi perlu sami paten-pinatenan.
Sanadyan makaten para umat kagunganipun Gusti tansah dipun timbali martosaken pawartos bab katresnanipun Allah, sanadyan tansah ngalami lan ngadhepi sawernining ancaman. Pangwasaning di jahat namung saged kakawonaken dening katresnan. Mila kita ugi kedah tansah wantun lan saged terbuka tumrap pandamel ingkang sae lan leres, ingkang asalipun saking tiyang ingkang dereng nderek Gusti.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar