Selasa, 08 Mei 2012

Tentrem Rahayu Apa Tentrem Ora-Hayu ?


Waosan : Yohanes 14 : 27-31
Pamuji : KPK 137: 2
Ing sajroning mapag sedanipun, Gusti Yesus paring wasiat ingkang pungkasan kaliyan sekabatipun. Wasiatipun sanes arupi tegil, saben, griya utawi paweweh raja brana, ananging  Gusti Yesus maringaken tentrem rahayunipun minangka wasiat kagem para sekabatipun.  Donya saged nyediani tentrem ing sajorning swasana utawi kahanan ingkang ndadosaken kita kasebat tiyang “mapan” kemawon. Dados menawi kita angsal tentrem menika krana sedayanipun sampun sumadya kangge gesang kita sinebut “mapan” kalawau.
Ananging tentrem inkang sinebut krana kadonyan ingkang sarwa mapan menika damelanipun manungsa lan sifatipun boten njamin saged dipun kendhaleni kanthi sampurna kagem salaminipun. “Tentrem” ingkang dipun damel dening donya menika tetap kemawon nuwuhaken raos was sumelang, kuwatos, lan miyar miyur ing sajroning kahanan kados kemawon nenggani “bow waktu” ingkang saged mbledhos lan boten pirsa kapan wekdal ingkang nuwuhaken raos kuwatos punika dumawah ing gesangipun.
Cobi kita pirsani kemawon, katentremaning perumahan-perumahan utawi griya-griya mewah ingkang dipun jagi kanthi ketat, malah sampun kagungan satpam piyambak-piyambak, ananging tumindak piala ugi tetep kemawon kedadosan. Amerika ingkang iba sanget ketatipun jroning pengamanan ewa semanten taksih kemawon dipun panggihi bom ingkang dipun singitaken ing lebetipun mobil ing Times Square, New York, sawetawis wekdal kepengker.
Lajeng Tentrem Rahayu ingkang kados menapa ingkang dipun paringaken dening Gusti ? Tentrem Rahayu peparingipun Gusti Yesus menika boten gumantung kahanan utawi situasi lan tamtu kemawon sanes asil saking rekayasa manungsa, dadosipun ing sajroning raos sakit, sangsara, tinampik, sisah, lan sripah (Delengen Yoh. 16:33; Fil. 4:7; Efesus 2:14). Tentrem  Rahayu boten saged kita gegem kemawon, ananging kedah kita tularaken ing jroning gesang ing donya menika saben ari. Tinampia tentrem rahayu saking Gusti Yesus Kristus kang maringi sih rahmat lan katentreman marang kowe (1 Kor. 1: 3). (KrisPong)
“Donya nyawisi Tentrem Rahayu, Nanging Kalamangsana bisa dadi Tentrem Ora-Hayu,
Gusti Nyawisi Tentrem Rahayu, Kang Pancen Aji lan Sejati”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar