Senin, 28 Mei 2012

Pacoben


Waosan :  1 Petrus 1 : 3-9
Pamuji : KPK 172 : 1, 3
Nats: “Jalaran saka iku padha bungah-bungaha, sanadyan ing wektu iki padha nandhang prihatin sawatara mangsa marga saka anane Godha rencana warna-warna.” (Ayat. 6)
Kawontenan pasamuwan Kristen ing satengah-tengahing masyarakat ingkang majemuk punika asring ngadepi perkawis ingkang mawarni-warni. Salah setunggalipun bab bangun gedung greja, ingkang awrat ijinipun. Senadyan sampun jangkep syarat-syaratipun, nyatanipun taksih katah reribet sanesipun. Dados panderekipun Gusti panci boten lepat saking pacoben ingkang tujuanipun nguji iman kapitadosan kita dateng Gusti.
Rasul Petrus paring pepenget kangge kita bilih Gusti Allah tansah ngreksa dateng kita. Senadyan sapunika kita nandhang prihatin, reribet lan pacoben, kita tetep gadha pangajeng-ajeng dateng Gusti. Pangajeng-ajeng dateng Gusti Allah punika ingkang dadosaken kita kiyat ngadepi sedaya perkawis. Langkung-langkung kita tetep ngraosaken kabingahan karana kita pitados Gusti boten nilar kita.
Kunci supados kita kiyat ngadepi pacoben inggih punika lumantar pandonga. Sarana pandonga kita masrahaken sawetah lampah gesang kita. Kita pitados Gusti Allah makarya ing salebeting gesang kita. Pacoben saged dadosaken kita sangsaya celak kaliyan Gusti Allah dan dewasa imanipun. Karana punika sampun ngantos kita ajrih ngadepi pacoben nanging mangga kita langkung pitados dateng Gusti ingkang kuwaos paring pitulungan lan kawilujengan. Nalika kita ngadepi pacoben, kita boten piyambakan, wonten Gusti Allah ingkang tetep setya dateng kita. Pramila kita kedah wantun ngadepi punapa kemawon ingkang kedadosan ing gesang kita. Manah kita tansah tumuju dateng Gusti Allah ingkang dados kakiyatan lan pitulungan gesang kita. (AR)
Iman ingkang murni iman ingkang tahan uji

Tidak ada komentar:

Posting Komentar