Rabu, 16 Mei 2012

Panuntun Utama


Waosan : Yokanan 16 : 12 – 15
Pamuji : KPK 294 : 1, 4

Nats: “Nanging yen Sang Juru Panglipur iku rawuh, iya iku Rohing Kayekten, iku bakal nuntun kowe marang kayekten sasampurnane.” (Ay. 13)
http://wenzcha.files.wordpress.com
Nalika kita dateng papan wisata ingkang dereng kita mangertosi, kita betahaken peta lan juru pandu wisata. Tujuanipun supados kita boten kesasar lan bingung ing satengah-tengahing margi. Sarana peta, kita mangertos margi utawi arah ingkang badhe kita tuju utawi kita lewati. Mekaten ugi kita betahaken juru pandu wisata ingkang dados panuntun kangge kita, saperlu maringi penjelasan tumraping papan wisata ingkang kita tuju punika.
Manungsa gesang ing donya punika kados mekaten. Manungsa betahaken panuntun kangge gesangipun. Kangge para pitados sumber panuntunipun boten sanes dawuh pangandikanipun Gusti Allah ingkang kaserat wonten ing Kitab Suci tuwin Sang Roh Suci ingkang dados sumbering pitulungan lan gesang para pitados. Kados dawuh pangandikanipun Gusti ing waosan kita, Gusti Yesus boten negaaken para sakabatipun piyambakan wonten alam donya punika. Gusti Yesus saderengipun nandang kasangsaran paring prajanji dateng para sakabat bilih Sang Juru Panglipur, Roh Kayekten, Gusti Allah piyambak ingkang badhe nuntun lampah gesangipun para sakabat. Pramila para sakabat boten perlu ajrih salebeting gesangipun .
Kangge kita para pitados, gesang kita punika dipuntuntun Gusti. Karana punika kita boten perlu ajrih, kuwatos, lan ragu. Gusti Allah lumantar Roh Sucinipun tansah dados panuntun utama lampah gesang kita sadinten – dinten. Punapa ingkang kita sanggi wonten donya punika kita pasrahaken dateng Gusti. Reribet, pacoben, dadosaken kita sangsaya rumaket dateng Gusti Allah.  Bilih Gusti Yesus sampun prajanji dateng para sakabatipun, Gusti Yesus ugi prajanji dateng kita, bilih Gusti Yesus tansah nunggil, nenuntun saha paring kawilujengan kangge kita para umat kagunganipun. Sang Roh Suci saestu dados sumbering pitulungan lan panuntun gesang kita sedaya. Amin.(AR)
“Margining gesang tiyang pitados wonten ing Astanipun Gusti”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar