Kamis, 10 Mei 2012

Nuladhani Tresna


Waosan : Yokanan 15: 9-11
Pujian : KPK 165 : 1, 2

Nats: “Kaya Sang Rama wus ngasihi Aku, mangkono uga Aku iya wus ngasihi kowe; padha tetep dumunung ing sihKu ” (Ay. 9)
Sinau bab gesang punika saged saking pundi kemawon lan kanthi media punapa kemawon. Ingkang dipunraosaken paling efektif inggih punika lumantar conto. Anak-anak kita punika saestu nggatosaken punapa ingkang dados pakulinan tiyang sepuhipun lan punapa ingkang dipuntindakaken. Kados maos koran, nyapu, watuk, jigang lsp. Sedaya punika dipuntindakaken adhedhasar conto ingkang dipuntingali. Saged sae saged ugi pakulinan ingkang kirang sae.
Gusti Yesus ugi ndadosaken katresnan punika  pakulinan/ gaya hidup ingkang kedah dipun conto. Sedaya ingkang katindaaken dening Gusti Yesus punika adedasar tresnanipun Gusti Allah, ingkang karaosaken dening Gusti Yesus wekdal nglampahi peladosanipun, ingkang tansah paring kekiyatan lan  panganthi. Katresnan ingkang dipuntingali lan dipunraosaken Gusti Yesus punika ingkang dados sifat lan syarat utami anggenipun nresnani manungsa dosa sak dangunipun lelados. Wekdal sangsara, wekdal kagodha, wekdal katampik. Mboten wonten sanes kejawi ndedonga lan nyuwun Gusti kepareng angapura minangka wujud katresnan.
Patuladhan katresnan punika mugi dadosa kiblat gesang dhumateng pasamuwanipun Gusti. Kadhewasan pasamuanipun boten namung saking bab-bab fisik kados ta pembangunan gedhung reja, agenging anggaran lsp, ananging minangka greja (eklessia; dipanggil keluar), kados pundi pasamuwanipun Gusti tetep andhasari peladosaipun mawi sih katresnan kanthi ciri saged nuntaskaken persoalan lan paring jawab dhumateng kaprihatosan ing sak kiwa tengenipun. (PKS)
“Kiblat gesang umatipun Gusti inggih punika gesang tresna-tinresnan”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar