Minggu, 20 Mei 2012

Katresnan


Waosan: Yohanes 17: 11b-19
Punapa ingkang dados kebutuhan dasar kangge manungsa salebeting gesangipun? Manungsa saged gesang kangge sawetawis wekdal sanadyan boten nedha angger saged ngombe. Menawi makaten sanes tetedhan ingkang dados kabetahan dhasar. Yen makaten punapa ingkang dados kebutuhan dasaripun?
Ingkang dados kebutuhan dasar tumrap gesangipun manungsa inggih punika katresnan utawi dipun tresnani. Manungsa katitahaken dening Allah supados sami saged nampeni lan ngraosaken katresnani-Pun. Allah tansah nresnani manungsa supados manungsa saged ngalami gesang sawetahipun.
Kados pundi caranipun supados manungsa saged gesang sawethahipun? Caranipun inggih punika sarana tansah dedonga ing ngarsanipun Allah. Lantaran pandonga manungsa saged sesambetan kaliyan Allah. Inggih kados dene Allah ingkang tansah sesambetan kaliyan manungsa lantaran Gusti Yesus. Angkahipun, manungsa puruna nanggapi pakaryanipun Allah kala wau salebeting iman utawi kapitadosanipun.
Waosan dinten punika minangka pandonganipun Gusti Yesus. Gusti Yesus tansah ndongakaken para murid utawi umat kagunganipun. Makaten ugi, para murid lan para pitados kaangkah tansaha nresnani Allah lantaran pandonganipun.
Saksampunipun nampeni katresnanipun Allah manungsa wajib nresnani sesaminipun. Manungsa mbetahaken sesami ingkang saged dipun tresnani. Sarana sami tresna-tinresnan, kawontenaning gesang punika mesthi badhe kebak ing katentreman lan karahayon. (DP)
Mugi Paduka tansah nresnani kawula.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar