Jumat, 04 Mei 2012

Padunungan Ngayemaken


Waosan : Yokanan 14: 1-6
Pamuji : KPK 148

Nats: “…Aku mrana prelu nyawisake papan marang kowe.”
Kita sadaya mesthi rumaos ayem lan bingah yen saderengipun kita mangun bale griya kita sampun dipun cawisi papan padunungan ingkang cekap. Makaten ugi yen saderengipun pensiun kita sampun nggadhah griya piyambak. Yen makaten manah kita mesthi boten melang-melang, nanging ayem tentrem lan bingah.
Mendah begjanipun kita dados pendherekipun Gusti Yesus. Awit kita dipun cawisi papan padunungan dening Gusti Yesus ing dalemipun Gusti Allah Sang Rama wonten ing swarga. Punika mesthenipun ngayemaken lan mbingahaken gesang kita. Tumindakipun Gusti Yesus ingkang makaten punika mesthi kawiwitan anggenipun nyawisaken papan kangge kita ing lebeting manahipun Gusti Yesus piyambak; kita sadaya mesthi wonten ing manahipun Gusti Yesus. Sarana makaten Gusti Yesus lan kita saged tetunggilan sesarengan salaminipun. Punika nedahaken agung lan lebeting katresnanipun Gusti Yesus dhateng kita. Kita dipun paringi rejeki saben dinten, kabingahan, kasarasan, kawilujengan, lsp.
Gusti Yesus sampun nyawisaken papan mulya, ayem tuwin langgeng kangge kita manusa dosa. Tamtu Gusti ngarsakaken kita ugi nyawisaken papan kangge tiyang-tiyang ingkang kesrakat gesangipun. Saiba mulyanipun yen kita, selaku pribadi, kulawarga utawi greja, saged nyawisaken papan padunungan kangge tiyang kesrakat kados tuna wisma, tiyang miskin. Punika mokal saged kelampahan yen ing manah kita boten wonten papan kangge tiyang-tiyang punika, yen kita boten nggadhahi katresnan tulus dhateng tiyang-tiyang makaten.
Yen ing manah kita pancen wonten papan kangge tiyang-tiyang kesrakat, mesthi kita tansah kepingin ndongakaken tiyang-tiyang punika saben dinten. Kita mesthi boten owel maringi pitulungan lan rejeki. Kita mesthi boten lila yen tiyang-tiyang kesrakat dipun damel sangsara dening tiyang sanes. Amin. [ST]
“Ati kang kebak katresnan dadi papan kang ngayemake”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar