Rabu, 02 Mei 2012

Pepadhanging Gesang


Waosan : Yokanan 12 : 44 – 50
Pamuji : KPK 178 : 1, 2

Nats: “Aku wus teka ing jagad dadi pepadhang, supaya sok wonga kang pracaya marang Aku, aja tetep ana ing pepeteng.” (46)

Punapa kita nate mlampah ing margi ingkang peteng? Kados pundi lampah kita? Tamtu boten saged lancar, karana boten saged ningali margi ingkang sae. Saged ugi kita dhawah karana kesandung. Nanging sanadyan peteng, yen kita mbekta lampu senter utawi lilin utawi oncor, tamtu kita langkung ayem karana kita mangertos margi ing ngajeng. Kita saged milih margi ingkang sae kangge lampah kita.
Wonten ing waosan kita dinten punika Gusti Yesus ngandika bilih Panjenenganipun rawuh ing alam donya punika dados pepadhanging gesangipun manungsa. Pepadhang sejati punika kuwaos ngendhih pepeteng. Panjenenganipun karsa rawuh supados sadaya tiyang ingkang pitados pinaringan pepadhang lan boten gesang ing pepeteng malih. Dhateng sintena kemawon ingkang nampi Gusti Yesus ateges pitados dhumateng Gusti Allah Sang Rama mesthi pikantuk pepadhang ingkang sejati.
Gusti Allah ngarsakaken kita gesang ing pepadhang, ingkang tegesipun kita lumampah manut ing angger-angger lan dawuhipun Gusti Allah. Kita mantep ing kapitadosan, setya tuhu ndherek Gusti sarta boten nindakaken patraping pepeteng. Pepeteng ing mriki dados pralambanging gesang ingkang kawengku ing rehing dosa. Yen kita nampeni pepadhangipun Gusti Yesus ateges kita kedah nilar sadaya tumindak ingkang nistha lan duraka, ingkang nerak angger-angger lan karsanipun Gusti.
Pepadhang ing mriki dados pralambanging gesang ingkang kapenuhan kautaman, kasaenan. Dados yen kita pancen gesang ing lebeting pepadhang sejati punika, kita mesthi nindakaken kautaman lan kasaenan. Yen pancen  kita gesang wonten lebeting pepadhang sejati punika, kita tansah ngugemi sabdanipun Gusti, kita tansah gondhelan ing katresnan lan kamirahanipun Gusti. Srana makaten saestu mbingahaken gesang ing lebeting pepadhang sejati. Gusti Yesus ingkang dados sumbering pepadhang gesang kita, Gusti ugi ingkang nuntun lan ngreksa lelampahaning gesang kita. (AR)
“Sapa kang urip ing pepadhang mesthi gawe bungahing liyan”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar